Jogja Hip Hop Foundation - Wit Gedhang Woh Pakel paroles de chanson

paroles de chanson Wit Gedhang Woh Pakel - Jogja Hip Hop Foundation




Wit gedhang awoh pakel
Omong gampang nglakoni angel
Tumbak cucukan lambene turah
Le dha omongan saya ra nggenah
Ming gidhuh marang babagan wantah
E mingkar mingkur ora ana faedah
Wit gedhang awoh pakel
Omong gampang nglakoni angel
Akeh manungsa padha keminter
Sejatine yo mung padha keblinger
Omongane hoi dhuwur tur santer
Ora peduli salah lan bener
Wit gedhang awoh pakel
Omong gampang nglakoni angel
Ilmune cethek macak misuwur
Sejatine ya mung padha ngawur
Bener salah kabeh dadi kabur
Kasunyatane samsaya slamur
Wit gedhang awoh pakel
Omong gampang nglakoni angel
Waton maido padha sulaya
Beda sithik langsung dak siya
Pitenah nudhuh ora wedi dosa
Pituture dhewe akeh sing cidra
Wit gedhang awoh pakel
Omong gampang nglakoni angel
Kabeh wong pengen ngomong
Sithik kuping sing gelem ngungokke
Gidhah gidhuh omong kosong
Kabeh dha nggugu bener e dhewe
Wit gedhang awoh pakel
Omong gampang nglakoni angel
Wolak waliking jaman wis nyata
Tep kudhu waras lan mawas diri
Bisa rumangsa aja rumangsa bisa
Rasa rumangsa lan ngrumangsani
Wit gedhang awoh pakel
Omong gampang nglakoni angel




Jogja Hip Hop Foundation - Wit Gedhang Woh Pakel
Album Wit Gedhang Woh Pakel
date de sortie
10-10-2017




Attention! N'hésitez pas à laisser des commentaires.