Ratna Antika - kudu misuh Lyrics

Lyrics kudu misuh - Ratna Antika



Hoi
Yo-yo-yo-yo-yo
Heh, sing kudu misuh, tahan
Tahan, Guys, tahan
Coba ta gagasen lelakonku iki
Ra ana senenge
Susah sing tak temoni
Ngolah-ngalih gawean
Kabeh ra nate ngundhuh
Dina-dina isine mung kudu misuh
Eh, embuh, ah, embuh
Nyoba nggarap sawah
Tinggalane wong tuwaku
Nggumunku saben tandur
Rega rabuke dhuwur
Bareng tiba panen
Rega gabahe medhun, uh
Kabeh modal utangan ora bisa kesaur
Hei, ajur, ajur, Jum
Sawah tak dol murah
Aku nyicil angkudes
Lagi nyupir seminggu
Rega bensine ngenthes
Tarif tak unggahne
Penumpang nggrudhel ae
Kerep telat oli, rusak ring sakmethale
Wei, kere, kere-kere
Montor nggangkrak ning bengkel
Ra bisa ogel-ogel
Rasane uripku
Mung kari dhengel-dhengel
Nyepi nang kuburan
Golek tembusan togel
Nomer ngeblong terus
Aku tambah dhedhel-dhuwel
Wei, mbredhel-dhel-dhel-dhel
(Pokok gathel) mbredhel
(Aku gathel, aku) oh, iya, ya wis
Sekarepmu, sing penting kowe bahagia (bahagia)
Kabeh dalan wis buntu
Aku nekad mbandar dadu
Durung ana sing udu
Keamanan wis njaluk sangu
Ana oknum tentara
Ana oknum polisi
Bukaan wingi-wingi
Wis kerep tak amplopi
Bareng prei ra ngamplopi
Aku diseret nang bui
Diganjar pitung sasi
Misuh sakjroning ati
Duh, cuk, angkrikane
Hangkrikane
Aku gak melok-melok lho
Aku gak melok-melok lho, ya
Kabeh dalan wis buntu
Aku nekad mbandar dadu
Durung ana sing udu
Keamanan wis njaluk sangu
Ana oknum tentara
Ana oknum polisi
Bukaan wingi-wingi
Wis kerep tak sangoni
Bareng prei ra nyangoni
Aku diseret nang bui
Diganjar pitung sasi
Misuh sakjroning ati
Hai, hangkrik-hangkrik




Ratna Antika - kudu misuh
Album kudu misuh
date of release
03-07-2021




Attention! Feel free to leave feedback.